Dhondhong Apa Salak, Menthok-Menthok, Gek kepriye, Turi-Turi Putih (Jawa Tengah)

Dhondhong Apa Salak 

Dhondhong apa salak, dhuku cilik-cilik
Ngandhong apa mbecak, m'laku timik-timik
Dhondhong apa salak, dhuku cilik-cilik
Ngandhong apa mbecak, m'laku timik-timik

Atik ndherek Ibu tindak menyang pasar
Ora pareng rewel ora pareng nakal
Ibu mengko mesthi mundhut oleh-oleh
Kacang karo roti Atik dhiparingi

Dhondhong apa salak, dhuku cilik-cilik
Gendhong apa pundhak aja ngithik-ithik

Menthok-Menthok 
Menthok, menthok tak kandhani Mung lakumu angisin isini
Mbok ya aja ngetok ana kandhang wae Enak enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok, menthok mung lakumu Megal megol gawe guyu
Gek kepriye Duh kaya ngene rasane Anake wong ora duwe
Ngalor ngidul tansah diece Karo kanca kancane
Pye pye pye pye ya ben rasakna Pye pye pye pye rasakna dewe
Pye pye pye pye ya ben rasakna Pye pye pye pye rasakna dewe
Besuk kapan aku bisa Urip kang luwih mulya
Melu nyunjung drajating bangsa Indonesia kang mulya
Pye pye pye pye mbuh ra weruh Pye pye pye pye mbuh ra ngerti
Pye pye pye pye mbuh ra weruh Pye pye pye pye mbuh ra ngerti

Turi-Turi Putih
Turi turi putih dhitandur ning pinggir sumur
Turi turi putih dhitandur ning pinggir sumur
Jeleret tiba nyemplung ke kembang kembange apa
Mbok kira mbok kira mbok kira kembange apa
Kembang kembang m'lathi kembang m'lathi dironce-ronce
Kembang kembang m'lathi kembang m'lathi dironce-ronce
Sing kene setengah mati sing kana 'ra piye piye
Mbok kira mbok kira mbok kira kembange apa

Komentar